SekolahDasar.Online: Bahasa Cirebon
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Cirebon. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Cirebon. Tampilkan semua postingan

Jumat, 17 Januari 2025

Aksara Hanacaraka

     Aksara Carakan Jawa (hanacaraka) jumlahé ana 20, yaiku disebut “aksara nglegena“. Arti nglegena yaiku aksara sing durung olih imbuhan apa-apa. Sing dimaksud imbuhan iku, bisa wujudé sandangan, pasangan, utawa tanda-tanda séjéné.

    Aksara Carakan Jawa sing  nglegena iku wujudé kaya ning sor iki:

Aksara Hanacaraka Bahasa Cirebon

    Sekiyen, ayuh pada blajar nulis carakan. Ambil gampang, apalaken dikit aksara nglegena. Contoh tembung sing ditulis nganggo aksara nglegena:

Contoh penulisan kata menggunakan aksara hanacaraka bahasa cirebon


Babad | Takbir Nyi Mas Rara Kuning

         Salah sawijiné crita sing ngembang ning daerah Cerbon yaiku crita babad. Crita babad iku minangka crita sing ngantét kelawan peristiwa sejarah lan perjuangan ning sawiji daerah.

Ning sor iki ana crita babad. Coba, wacanen sing titén! 

Takbir Nyi Mas Rara Kuning

babad-cirebon-tabir-nyi-mas-rara-kuning.png

... Teka ning Sumber, pasukan kerajaan Rajagaluh pating plotot ngliwati dalan Sumber. Ngacung-ngacungaken keris kujang bari sesumbar. “Héi wong Cerbon, gagé metu tandang. Rajagaluh ora bakal wedi nglawan Cerbon. Mandega nyebar agama Islam,” jaré gegedug pasukan Rajagaluh.  

Sesumbaré pasukan Rajagaluh ora diladéni. Nyi Mas Rara Kuning sing masih ana ning jero Taman Balong Sumbermetu karo sedakep.     

“Sampéyan kabéh wong lanang gagah garang, poma aja semena-mena. Aja jumawa ning jagad Sumber. Sampéyan teka bli matur. Artiné sampéyan dudu batur, ngejak ribut, ngejak tawur. Wong Sumber ora bakal kabur,” ucap Nyi Mas Rarakuning, wanodya setya maring titah Sultan Cerbon, ora bakal wedi mundur mbéla agama Islam. 

“Wéléh-wéléh wong ayu, sayang, kita isin yén kudu nglawan sampéan wanodya ayu rupa”. Mandengi platat plototé pasukan Kerajaan Rajagaluh, Nyi Mas Rara Kuning ndengkluk nunduk. Dudu lantaran wedi atawa bli wani.

Nyi Mas Rara Kuning ndengak lan mekik njerit nyuwara takbir; “Allahu Akbar ... Allahu Akbar... Allahu Akbar...!”. Takbiré Rara Kuning gawé mrinding. Pating brubul, atusan wong Sumber pada metu, ngepung pasukan Rajagaluh.

Mauné pada petangtang-peténténg, ndadak mengkerut punuké. Keris kujangé pasukan Rajagaluh pada neplukRayat Sumber uga para pinangéran bli kudu sampé perang tanding, pasukan Rajagaluh tunduk.

        Saking kedadian iku, para gegedén kumpul ning Kraton Cerbon. Netepaken Nyi Mas Rarakuning dadi ajengan ning Sumber. Dipahi gelar Nyi Gedé Sumber.  Ora suwé, Nyi Gedé Sumber olih jodoh kelawan Ki Gédé WanakertaDiparingi putri kang jeneng Nyi Mas Rara Sakti.
 
(sumber:  Buku Pelajaran Bahasa Cirebon Kangge Kelas 5 SD/M1 - Penamashar)